22.32
Ben Affleck koyoke lagi seneng banget. Mantan bojone mbak Jennifer Garner kuwi dinei kepercayaan penuh nggo dadi Batman alias Menungso Kalo...
Ben Affleck koyoke lagi seneng banget. Mantan bojone mbak Jennifer Garner kuwi dinei kepercayaan penuh nggo dadi Batman alias Menungso Kalong.
Ora gur kuwi, menurut warto Female First, Ben yo dipastike bakal terjun langsung jadi produser lan sutradara. Pantes wae ket awal tahun de'nen ketok sumringah terus.
Nah, di luar berita apik kuwi, Ben jebule ki umuk'an. Pas lagi diwawancara karo media asing, De'nen tego-tegone ngece koncone dewe, Matt Damon sing nganti saiki durung entuk peran sebagai Superhero.
"Damon ki lagi meri. Doi isone gur maen dadi Jason Bourne meneh Jason Bourne meneh. Tapi yo aku maklumlah," ucap Ben karo mesam-mesem.
Untunge, Ben mung guyon. Cah loro kuwi cen dikenal akrab banget meski kerep ece-ecenan nang ngarep publik.
"Kowe ngerti? Aku karo Damon ki kerep kenthu. Kuwi ngopo perkancanan awak dewe iso tetep fresh koyo ngene," jare Ben.
Eiit... Kuwi yo guyon to Ben? Ben... Guyon kan kuwi?
08.11
Iyo, iyo, aku ngerti nek iso foto bareng idola ki pancen nyenengke. Tur yo mbok ndelok-ndelok situasi sek. Wedhine idolamu lagi loro unthu,...
Iyo, iyo, aku ngerti nek iso foto bareng idola ki pancen nyenengke. Tur yo mbok ndelok-ndelok situasi sek. Wedhine idolamu lagi loro unthu, opo lagi patah hati. Mengko sing ono awakmu malah dadi pelampiasan.
Opo meneh nek caramu njaluk foto nganti ngelanggar aturan. Wah, wah, ora tanggung jawab aku karo hasile...
Nah, durung suwi iki, ono cah enom sing lagi nonton konser Wes Borland (gitarise Limp Bizkit) nang Amerika bagian Lor. Ora puas ndelok soko adoh, de'nen meneng-meneng melipir trus munggah panggung liwat pintu mburi.
Singkat cerita, begitu berhasil munggah, bocah iki langsung melayu nyedak'i Wes Borland sing lagi asik gitaran. Mesake tenan, maksud ati pengen selfie, de'nen akhirne kudu pasrah pas di-ajar karo idolane dewe.
"Nek kowe ora diundang munggah panggung, yo ojo munggah. Aku kan ora ngerti niatmu ki arep jambret opo arep ngopo... ," muni Wes.
"Bocah kuwi ora terluka kok. Aku gur narik kelambine terus tak surung ben ngadoh seko area-ku. Tulung ojo dibaleni meneh. Intine saling menghormati wae-lah," tambah Wes.
Nek ndelok seko videone. Bener sih, bocah kuwi ora kenopo-nopo, paling gur lecet sithik. Tur nek kowe menerawang atine, ora kebayang lorone, menyayat-nyayat koyo gitarane Wes Borland.
07.22
Nek biasane wong-wong do iso akur karo tonggo, aktor Seth Rogen justru kewalikane. Bintang The Interview kuwi ngaku sengit karo tonggone s...
Nek biasane wong-wong do iso akur karo tonggo, aktor Seth Rogen justru kewalikane. Bintang The Interview kuwi ngaku sengit karo tonggone sing ketagihan reparasi omah.
"Tonggoku ki nyebahi. Aku sengit karo kae. Jenenge Chris. De'nen bangun omah 'dak-duk-dak-duk' nganti patang tahun ora dadi-dadi. Ora gur kuwi, bentuk omahe yo elek banget, didelok ki ora enak," muni Seth koyo dikutip soko Femalefirst.com
Nek di kon milih, Seth pengen nduwe tonggo sing seneng ngerungo'ke Adele atowo doyan meditasi koyo Dalai Lama. Menurut Seth, dua tipe kuwi iso nggawe suasana omah dadi nyenengke. Ora koyo kris sing ngertine gur palu karo gergaji.
"Nah, nek modele koyo loro kuwi mau, lagi penak kanggo tonggo-tonggonan," lanjut Seth karo ngguyu kemekelen.
21.21
Durung suwi iki awak dewe dihadapke karo kasus pedangdut Zaskia Gotik sing lawakane dianggap menghina Pancasila. Mbuh diniatke opo ora,...
Durung suwi iki awak dewe dihadapke karo kasus pedangdut Zaskia Gotik sing lawakane dianggap menghina Pancasila.
Mbuh diniatke opo ora, pas dike'i pertanyaan sila kelima Pancasila ning acara musik Dashyat, Zaskia menuliskan Bebek Nungging sebagai jawabane. Karo meringas-meringis, Zaskia ketok bangga banget karo jawabane. De'nen koyone durung ngerti nek menghina lambang negara kuwi melanggar hukum.
Bener wae, begitu acarane rampung, Zaskia langsung dihujat thousand-an netizen (uwong sing hobi ngenet). Kasus penghinaan kuwi pun akhire berbuntut panjang.
Patut kalian ketahui, iki dudu sop buntut cerak sudagaran sing enak kae, tapi masalah hukum cah. Zaskia terancam masuk penjara hingga 5 tahun. Beberapa lembaga sosial, termasuk tokoh-tokoh tenar seperti Suhu Naga dan Ki Kusumo turun tangan langsung melaporkan pelantun 'Bebek Ngambang' kuwi.
Singkat cerito, didampingi karo pengacarane, Zaskia Gotik akhire meminta maaf. De'nen ngakoni nek ora apal pancasila. Karo sesenggukan, Zaskia yo mengaku ikhlas nek semisal kudu melebu penjoro goro-goro kekhilafane kuwi.
Untunge, kasus iki suwi-suwi mulai menemukan titik terang. Meski isih ngambang kasuse, plus dituntut rono-rene, Zaskia belakangan diangkat dadi Dokter Klinik Pancasila dan dike'i kesempatan nggo ngapalke Pancasila.
Lha terus kelanjutan kasuse piye? Yo mau kuwi, isih ngambang... Sing jelas, nek wis ngene ki, ora mungkin iso rampung dalam waktu singkat.