3 Lagu Kanggo Ngancani Kowe Ngising
Ngising ki rasane piye toh? Waduh... le njelaske yo angel.
Sing pasti, pas pengin ngising, rasane koyo pengen ngutarake perasaan karo gebetan. Nek diampet loro nganti merindang-merinding, tur le arep ngeto'ke yo ora iso sembarangan. Kecuali nek kowe ki jaran, lagi aku iso maklum... Ngisingo kono karo mlayu
Ok..ok.. nggo mengehemat waktu, iki ono 3 tips sing iso tok' pergunake nggo nyemarakke ritual ngisingmu. Dudu, iki dudu takhayul 'ngesak krikil' sing terkenal kae. tapi dengan cara sing luwih musikal, yaiku mendengarkan lagu-lagu mancanegara.
Lho, emange ono sing cocok? nyoh nek ra percoyo...
1. Queen - We Are The Champion
Sebut saja jenenge Mawar. Pas lagi jeng-jeng, ngerti-ngerti kepising ning dalan. Jarak tekan omah isih telung kilometer. Kiwo tengen ora eneng warung.
Nah... bangane Mawar nyerah, trus ngeregeti kathok, mending ngrungoke lagu We Are The Champion garapane Queen. Gunane opo? yo ben de'nen semanget ngampet, setidak'e nganti garis finish...
2. Linkin Park - One Step Closer
Piye rasane pas kowe lagi penak-penake ngising, trus diganggu karo warga. digedok-gedok, diparani babi, diuncali watu? ckckck, nek aku sih NO, mbuh nek mas Anang.
So.. ben ra ono sing wani nyedak, pas lagi ngising mending kowe nyanyi lagune Linkin Park. Dijamin, sing ngrungo'ke pasti paham nek One Step Closer... kowe bakal ngamuk trus ngosak ngasik jamban.
3. The Beatles - I Want to Hold Your Hands
Lagu terakhir iki iso dinggo ngewangi kancane sing lagi keangelan ngising. Dadi, pas kancamu ngalami masalah iki. gedok ae pintune alon-alon, gujengi tangane, trus nyanyi'ke lagu iki karo sisipke kalimat-kalimat perjuangan seperti kowe pasti iso atau opolah... sakarepmu.





