Piye Perasaanmu Nek Disunat Wolverine?

10.15 Admin 0 Comments

Jujur wae, salah siji seko kowe mesti ono sing ngefans banget karo Wolverine. Diperanke karo Hugh Jackman, karakter sing njedul nang film X-Men iki cen ketok wangun. Opo meneh nek wis ngetoke cakar wesi sing dawane iso nganti ping telu jerijimu.

Nah, ngomong-ngomong soal cakar wesi, ono kejadian apik pas Hugh lagi udo blejet neng ngarep kamera.


Mergo isin ndelok manuk'e sliweran medeni cah-cah wedok, Hugh nyobo nutupi manuke ngango tangane.

Hugh ki ora sadar nek neng tangane ono cakar wesi. Untunge, de'nen isih bejo. Manuke ora sidho tersunat sanadyan selangkangane wis kebacut kecuwil sithik.


"Maturnuwun banget gur selangkangkanku sing keno. Cobo nek (manukku) nganti keno, iso mabur saklawase cah," jare Hugh karo digeguyu kanca-kancane.

Ckckckck... Hugh Hugh, Sing ati-ati to...