Ngene Ki lho Carane Nyedaki Cewek Londo!

01.28 Admin 0 Comments

Jenenge wong lanang mesti seneng karo sing jenenge cewek.

Nah, kanggo kowe sing lagi jomblo, arep tak kandani carane nyeraki cewek londo, angel-angel gampang sih. Siap?


1. Les Bahasa Inggris

Iso bahasa Inggris ora kowe? Nek durung yo mending kursus sek kono. Piye arep nyedaki londo nek kowe ngomong bahasa Indonesia wae ijek semrawut.

Terus nek wis iso bahasa Inggris sing arep diceritake opo? yo iso soal kultur, soal isu-isu internasional. Rasah cerito soal utang neng angkringan. Isin.


2. Ojo gumonan

Nek ndelok londo ki biasa wae matane, ra sah mendelik-mendelik koyo wong kesurupan. Londo ki yo wong, dudu atraksi sirkus. Etika dijogo. Sing kalem wae lah pokoke, ben deknene nyaman karo kowe. Nek mbok pendelik'i terus, sing ono malah ditinggal lungo.


3. Percaya diri alias PeDe.

Iki sing terakhir lan paling penting. Nek kowe wae ora pede piye carane londo kuwi arep ndelok awakmu. Mental disetarake, wong ki podho derajate, warnane tok sing bedho.

Nek awakmu minder, mengko dekne ndase dadi gedhe. Kowe ki wong jowo, wong Indonesia, kono ijek jaman urung ono sabun, awak dewe wes iso mbangun Borobudur. Dadi, keep smile and action!

Ditulis oleh: Mas Unggul