Gitaris Limp Bizkit Lagi Nyanyi, Kok Malah Diajak Selfie, Yo Ngamuk...

08.11 Admin 0 Comments

Iyo, iyo, aku ngerti nek iso foto bareng idola ki pancen nyenengke. Tur yo mbok ndelok-ndelok situasi sek. Wedhine idolamu lagi loro unthu, opo lagi patah hati. Mengko sing ono awakmu malah dadi pelampiasan.

Opo meneh nek caramu njaluk foto nganti ngelanggar aturan. Wah, wah, ora tanggung jawab aku karo hasile...


Nah, durung suwi iki, ono cah enom sing lagi nonton konser Wes Borland (gitarise Limp Bizkit) nang Amerika bagian Lor. Ora puas ndelok soko adoh, de'nen meneng-meneng melipir trus munggah panggung liwat pintu mburi.

Singkat cerita, begitu berhasil munggah, bocah iki langsung melayu nyedak'i Wes Borland sing lagi asik gitaran. Mesake tenan, maksud ati pengen selfie, de'nen akhirne kudu pasrah pas di-ajar karo idolane dewe.



"Nek kowe ora diundang munggah panggung, yo ojo munggah. Aku kan ora ngerti niatmu ki arep jambret opo arep ngopo... ," muni Wes.

"Bocah kuwi ora terluka kok. Aku gur narik kelambine terus tak surung ben ngadoh seko area-ku. Tulung ojo dibaleni meneh. Intine saling menghormati wae-lah," tambah Wes.

Nek ndelok seko videone. Bener sih, bocah kuwi ora kenopo-nopo, paling gur lecet sithik. Tur nek kowe menerawang atine, ora kebayang lorone, menyayat-nyayat koyo gitarane Wes Borland.