Seth Rogen Sengit Karo Tonggone Dewe

07.22 Admin 0 Comments

Nek biasane wong-wong do iso akur karo tonggo, aktor Seth Rogen justru kewalikane. Bintang The Interview kuwi ngaku sengit karo tonggone sing ketagihan reparasi omah.

"Tonggoku ki nyebahi. Aku sengit karo kae. Jenenge Chris. De'nen bangun omah 'dak-duk-dak-duk' nganti patang tahun ora dadi-dadi. Ora gur kuwi, bentuk omahe yo elek banget, didelok ki ora enak," muni Seth koyo dikutip soko Femalefirst.com



Nek di kon milih, Seth pengen nduwe tonggo sing seneng ngerungo'ke Adele atowo doyan meditasi koyo Dalai Lama. Menurut Seth, dua tipe kuwi iso nggawe suasana omah dadi nyenengke. Ora koyo kris sing ngertine gur palu karo gergaji.

"Nah, nek modele koyo loro kuwi mau, lagi penak kanggo tonggo-tonggonan," lanjut Seth karo ngguyu kemekelen.