Alesan Kowe Kudu Ngrungo'ke Album Breaking Benjamin Sing Judule 'Peteng Sa'durung Isuk'

01.44 Admin 1 Comments

Band rock asal Amerika Serikat, Breaking Benjamin lagi wae ngeto'ke album kelimo sing dike'i judul Peteng Sa'durung Isuk (Dark Before Dawn).

Asal ngerti wae, band kelahiran Pennsylvania Amerika Serikat iki dudu band sembarangan, lagu-lagune yo lumayan wangun. Terutama nek ndelok musike sing nuansane ora ngerock banget tapi tetep sugih dalam hal komposisi.

Ora percoyo??? Rungoke wae departemen bass sing ketok luwih njedul seko album-album biasane.


Nah, sadurunge mlebu nang lagu-lagu anyar, ono cerito apik pas Breaking Benjamin lagi vakum, tepate sekitar tahun 2011.

Pas masa-masa kuwi, vokalise, Benjamin Burnley, lagi keno penyakit misterius goro-goro keakehan nenggak omben-omben. Penyakite nganti saiki rung mari-mari goro-goro dokter ra iso ngedeteksi Benjamin ki sakjane loro opo.

"Pas terakhir nang dokter, catatan medisku sing gedene sak buku telpon kae ta'banting neng ngarep doktere. Kesel aku. Emange aku kelinci percobaan," jare Benjamin koyo dikutip seko situs Rolling Stone, rung suwi iki.


Berbekal seko kuwi, Benjamin akhire nyiptake lagu-lagu sing isine nyeritake kematian. Lagu-lagu kuwilah sing saiki dadi materi album kelimo.

Makane, nek dibandingke karo karya-karya sadurunge koyo Saturate, We Are Not Alone, Phobia, opo Dear Agony, album sing saiki dadi jawara nang Billboard 200 Amerika luwih keroso suram.

Lirike yo marai merinding. Mergo akeh nyerita'ke perasaan wong nek wis arep dipanggil yang Maha Kuasa.


"Wektu bakal ngegante'ke tempat. Mbali meneh dadi siji. Tenang sadurunge atis. Nitis dalan sing nyenyet lan panjang, nggolek'i cahaya sing iso ngeterke aku mulih," Breaking Benjamin, Failure, 2015.