Ngobrolke 'Kerokan' Bareng Matt Arkarna

21.09 Admin 0 Comments

Jujur wae, aku ki termasuk wong sing ora doyan kerokan. Nek ra kepekso banget, biasane aku milih turu ketimbang kudu meringis-meringis nahan loro.

Makane, pas kerungu gitaris band Arkarna, Matt Hart mencoba kerokan untuk yang pertama kalinya, aku ora iso ngampet rasa penasaran.


Yo wis, bangane kepikiran terus, akhire aku takon karo wonge langsung. Berikut beberapa hasil obrolane:

Hi Matt, kok nganti kerokan e? Masuk angin po?

Asline ki aku gur pengen dipijet neng gulu, soale sing loro nang bagian kuwi. Tur tukang pijete nduwe ide liyo. Yo wis dijajal wae.


Terus piye rasane pas kerokan? Bengok-bengok ra? :D

Yo ora lah, tetep santai koyo biasane.

Kuwi akeh buanget kerokane Matt. Ora loro po?

Aku wis tau ngerasake tulang sikilku  tugel. Ora pingsan meneh, bener-bener ngerasake kabeh, Dadi nek masalah loro opo ora, aku wis terbiasa, haha.


Sebagai informasi, Arkarna rung suwi iki merilis lagu nasional Kebyar-kebyar ciptaan almarhum Gombloh. Lagu kuwi sengaja dinyanyike Arkarna sebagai kampanye melawan narkoba di kalangan remaja.