Rasah Isin Nonton Dewe'an Nang Bioskop!

05.52 Admin 0 Comments

Kangggo penggemar Hollywood, nonton film nang bioskop ki setara karo terapi. Sanadyan film sing ditonton ora pasti apik, tapi layar gede, popcorn, karo suasana petengan iso nggawe kowe ngeroso nyaman.

Rasane koyo menghilang dari kehidupan sing kadang marai sumpek.

Nah, sayange, sebagian dari awak dewe ra iso nonton nek ora kancane. Alasane, isin lan wegah diarani wong ilang.

Padahal, nonton dewe ki asli penak dan bukan sebuah hal yang memalukan. Ora percoyo? Woconen 3 fakta nang ngisor iki. PS: Sing nulis wis bola-bali ngerasake.


1. Ketok Eksklusif

Ora kabeh wong iso seneng film sing arep to'tonton. Termasuk bojo lan konco-koncomu. Dadi nek pas kowe nonton dewe, para penonton liyo ora bakal nyebut kowe wong ilang. Malahan, kowe bakal ketok eksklusif lan mandiri. Iki tenanan lo cah, sing penting ojo lali nggowo dompet.


2. Sing nonton dewe nang bioskop ki AKEH!!!

Pas aku pertama kali nonton dewe nang bioskop. Awale aku ngiro nek sing merana ki gur aku thok. Jebule akeh, and rata-rata lanang.

Tapi masuk akal sih, secara nang bioskop ki tujuan utamane ndelok film. Dudu ngobrol lan ndemok-ndemok.


3. Bebas

Arti bebas nang kene cukup luas. Kowe iso dengan seenaknya menentukan jam nonton. Arep jam 10, opo midnight jam 12, Bebas lek! terserah kowe.

Selain kuwi, nek semisal filme ora apik, kowe yo sewaktu-waktu iso metu. Rasah ngenteni lan ngeroso ra penak karo kancamu.

Dadi, kurang opo cobo? Bebas ki menyenangkan lek, Hilangkan isinmu. Keakehan isin gur nggawe uripmu dadi ora berwarna.