Matt Damon Ora Iso Bena'ke Genteng
Opo sing mbo' ndelok nang film ora mesti padha karo asline.
Matt Damon contohe. Sanadyan nang film iso ngelakoni A tekan Z, Nang dunia nyata pria berumur 44 tahun kuwi ngaku ora nduwe kemampuan DIY sing mumpuni.
DIY iki opo? Daerah Istimewa Yogyakarta? Dudu, tapi Do It Yourself, alias ngerjake tugas-tugas nang omah koyo nukang, benake genteng, nggawe meja belajar, nganti ngotak-ngatik colokan listrik.
"Bojoku lan aku kadang gojek soal kakangku sing nduwe keahlian nukang sing apik. De'nen iso nggawe sesuatu gur berdasarkan oret-oretan. Nek aku ki, hiks, malah ora pati guno nang omah," curhat Damon.
Nah, kebukti to? Ora ono wong nang dunia sing bener-bener sempurna lahir bathin.
Dadi nek kowe ora ndue keahlian dalam hal bengkel opo nukang, rasah bercilik hati. Aku yakin kowe nduwe keahlian nang bidang liyane.


