Gwen Stefani Ora Doyan Selfie
Awale tak kiro gur tonggoku, Santi, sing seneng jeprat jepret nganggo HP trus diupload nang Instagram, jebule ki akih, termasuk musisi-musisi luar sing sa'jane yo wis lumayan tuwo.
Contohlah Gwen Stefani sing lagi wae nggawe Instagram. Mbuh pengen melu eksis opo piye, de'nen yo bola bali majang foto-fotone neng kono.
Tur nek arep dipada'ke karo Santi yo bedho, Gwen isih nduwe sikap, de'nen ra gelem nek kudu selfie alias moto dewe karo mesam mesem. Alesane? yo mbuhlah, ben Gwen sing njelaske dewe.

"Sopo kondo rapopo nek lingguh neng dapur trus bola-bali selfie nganti entuk foto sing apik," muni Gwen dikutip seko Cosmopolitan Inggris.
Yo bener lah, ning dapur ki yo masak, dudu malah foto-foto, sing arep madang selak semaput.